Kanca Lalang Ungu, tau ora ngrasa nelangsa amarga rumangsa ora padha karo kakang-adhi / sedulur sak kulawarga?
Nalika cilik, aku tau kaya ngono. Ngrasa sediiih banget amarga rumangsa beda dhewe sak omah. Bapak ibu peputra 5, aku nomer 4 alias kakang ragil. Saka 5 putra-putrine bapak ibu, mung aku dhewe sing rambute kriting. Mbak-mbak, mas lan adhiku kabeh rambute lurus, ora ana sing pating kruwel kaya rambutku.
Si Ndhuk Kriwil, kuwi paraban sing tau diparingke swargi simbah putri Solo marang aku. Paraban sing aku ora pati seneng, tapi wektu iku aku ora wani mbantah. Paling yo rada mbesengut yen pas ditimbali nganggo paraban iku, hehe.
Mangerteni yen aku asring nelangsa amarga ngrasa beda saka sedulur-sedulurku liyane, pungkasane ibu wektu iku banjur ngleremake atiku kanthi ngelingake yen ora mung aku sing kriting sak omah, tapi uga bapak. Pancen bapak rikmane uga kriting, dadi aku nuruni bapak. Kudune malah kowe bungah, siji-sijine putrane bapak sing nuruni kriting. Rambut kriting ki apik lho..ora kabeh wong nduweni. Ngono ngendikane ibu wektu kuwi sing pungkasane bisa ngleremake atiku. Continue reading “Tunggal Kulawarga Beda Rupa”
Kanca Lalang Ungu, aja kaget ya maca tulisanku sing nganggo basa Jawa iki. Ora ana angin saka lor utawa kidul, kok ndadak aku kangen nulis nganggo basa Jawa.
Pas ndelok arsip tulisan Lalang Ungu iki, jebul pungkasan aku nulis nganggo basa Jawa ki pas wulan Maret 2017, nem taun kepungkur! Lhaaa..rak yo wis suwiiii nemen to..mula iki aku arep nyoba maneh nulis nganggo basa Jawa, sukur-sukur bisa tak biasaake maneh ra ketang mung sesasi sepisan nguri-uri basa tinggalane pinisepuh 🤭
Eh kanca-kanca, isih kulina ora karo istilah ‘Apa Tumon‘?
Iku lho..istilah sing biasane disebut wong Jawa yen pas nemoni kedadeyan kang marakke nggumun. Aku dewe luwih kulina karo istilah iku amarga sering maca Panjebar Semangat -majalah basa Jawa- lan ing majalah iku ana rubrik/bagiyansing jenenge “Apa Tumon” yaiku rubrik sing macak kiriman tulisan-tulisan cekak sing isine kedadeyan-kedadeyan lucu / konyol / aneh / ora tinemu nalar. Sakliyane tau ngirim crita cekak, aku yo nate ngirim tulisan ‘opo tumon’ sing isine cerita lucu. Seneeeng rasane yen pas tulisan kirimanku bisa kapacak ing majalah iku 😊
“Ngiloa githokmu dhewe” . Kanca, apa nate krungu tembung iku? Utawa malah nate ngucap marang kanca liyane?
Mbok menawa isih akeh kanca sing babar blas durung nate krungu tembung pitutur iku. Ngilo -yaiku nyawang nganggo kaca pangilon- githoke dhewe, iku angel bisane kelakon, butuh kanca / wong liya kang ngewangi supaya kita kelakon bisa ngilo githoke dhewe.
Semono uga ing panguripan iki, ora gampang mbiji awake dhewe utawa metani kesalahane dhewe, biasane butuh wong liya kang nuduhke kesalahane ndhewe. Mula, aja susah apa maneh nesu yen ana kang nuduhake kesalahane ndhewe, malah kudune dhewe matur nuwun marang kanca / uwong iku.
Ya, iku sing lagi tak alami dina iki. Ana kanca sing gelem nuduhake kesalahanku. Sepisanan pancen rasane mak peng! kaya ketampek rasane… Rumangsa nelangsa amarga apa sing sak lawase iki tak perjuwangke jebule ora ditampa bener marang liyan -mbok menawa ana sing rumangsa lara ati, aku nyuwun pangapura. Nanging aku banjur matur kesuwun marang kanca iku, amarga aku dadi ngerti menawa isih ana kaluputan sing kudu tak dandani…
Kedadeyan iki dadi pasinaon urip kang wigati kanggoku, dielingke maneh yen manungsa pancen kudu bisa rumangsa, ning aja rumangsa bisa… Alhamdulillah.., Jemuah barokah 🙂
Ini adalah petikan ketiga dari terjemahan tulisan Mbah Kakung Kasijo. Oya, kisah-kisah sebelumnya dapat dibaca di sini.
***
Sajroning aku sekolah mau wis ngiras ajar dodolan werna-werna. Ora nganggo isan-isin kaya ta adol kayu areng, kulakan dewe duwite yoiku celengan naliko buruh nglinting rokok. Gonta ganti dodolanku, lebar iku mau geplak lan jenang, lebar iku krupuk lan karag nuli roti nganggo pupuk gula pasir, nuli bolang-baling.
Suwe-suwe sak metuku saka Karanganyar aku wis ora bakulan maneh, sekolah maneh ana ing Jetis (Leerschool Jetis). Kang dadi wewakile ngleboake Karsodinama agen pulisi, kang mbayari yo bapakku dewe, Joyo Setika.
Nalika semana wis lumrah pamulangan jaman mlebune ana ing Sasi Sawal tanggal ping 5. Unggah-unggahan mesti ing Sasi Ruwah ngarepake Sasi Pasa, dadi tanggal ping 28 Ruwah. Kang dadi mantri gurune Bahu Atmaja, nyekel ing pangkat siji, Cakra Suwignya nyekel pangkat lima, Adi Sumarta nyekel pangkat telu, Mangun Sudirjo nyekel pangkat papat lan isih kabantu para murid ing Normalschool kang wis pangkat papat.
Tamatku saka pamulangan mau ing tanggal ping 3 wulan 4 tahun 1924, ing nalika iku uga ana eksamenan werna loro, yaiku : Normalschool (NS) lan Kursus Guru Desa (CGD). Nanging wis wiwit pada ora oleh bayaran. Continue reading “Lajang Babad lelakone Kasijo (3)”
Kasijo kelairan ing dina Setu Wage = 13, manut ing petung bocah kakon aten ( Mei 1909 ). Wiwit nalika isih cilik uripe tansah kelara-lara utawa rekasa wae. Bareng wis wiwit umur nem tahun luwih, dituntun marang laku gemi sarta seneng ngupaya sandang pangan. Sarana disinau buruh nggawe rokok klobot.
Nalika ngarah pangan sarta duwit oleh-olehane ora mbejaji mung oleh loro utawa telung sen, ing ndalem sedina sewengi. Nanging bungahku wis dudu-dudu, wong bocah cilik duwit mau tunggale dinggo jajan lan sebagian dicelengi.
Nglakoni dadi buruh mau nganti ngancik umur 14 tahun. Sing kerep dieloni swargi Wa Tingkir, mBok Rasin lan Muljosamsi. Malah wis nganti ketula-tula nggolek pegaweyan menyang Semarang nalika tahun walanda 1924 nanging ora oleh, tibane yo mung buruh nglinting rokok cengkeh melu Muljosamsi ing Kampung nJomblang.
Nalika umurku lagi 6 taun dadi ana ing tahun 1915, dileboake sekolah ana ing Pamulangan Desa ning Karanganyar Salatiga. Mantri gurune Tuwan Liyonar. Ana ing pamuwalangan mau kegolong pinter. Wiwitaning klas ing Karanganyar iku klas 0 nganti klas 4, dene aturane unggah-unggahan iyo nyetaun. Olehku sekolah mung rong taun, wiwit saka klas das (0) nganti klas 1 A/B nuli klas 2.
Gurune nalika iku mas Guru Sumono lan rayine, sarta mas Guru Glundhung lan mantri guru Tuwan Liyonar. Lha sing dadi tukang mriksa panditane Tuwan Kam. Guru-guru mau kang tresna banget nyang aku sarta kakangku Tuwan Liyonar mau, nganti sak prene isih tak eling-eling. Yaiku aku kerep lara mimisen, tuwan sarta nyonyahe kerep maringi salin klambi, topi, tuwin liya-liyane. Pancen gumati banget.
Nggonku sekolah ora tutug awit ana dadakan lupute gurune yaiku Sumono dalah kang wadon. Guru wadon lagi nyontoni nulis alus kesuwen, guru Sumono mara nganggo nyekeli garisan papan, disabetake aku nanging luput nganti ping pindho. Sabet tak cekel lan poklek, sabak dak cangking nuli mulih bali terus aku ora gelem mlebu maneh, tuwane kerep marani aku nanging aku meksa mbangkang dadi metu.
Seperti yang kuceritakan beberapa waktu lalu keluarga kami seolah mendapat ‘harta karun’ ketika menemukan buku-buku berisi tulisan tangan dari swargi Mbah Kakung Kasijo Prijosudarmo yaitu ayah dari ibu kami.
Sampul Bukunipun Mbah Kakung
Nah, inilah sebagian kisah hidup beliau -yang aslinya tertulis dengan huruf jawa itu- hasil ‘terjemahan’ ibu kami.
SALASILAH
Bp. Djaja Setika + Ibu Mukinem , nganakake :
Sarpin – Djaja Soekarto ( Krajan )
Kasijo – Prijosoedarmo ( Krajan )
Kusmin ( Ajal )
….. ( Ajal )
Salimin ( Krajan )
Bp. Sarpin , nganakake :
Soemarno
Soemarni
Soemardi
Soemarsono
Soemarjati
Bp.Kasijo, nganakake :
Srie Moeljani ( Gunung Tumpeng, setu pon )
Sri Marjati ( Gunung Tumpeng )
Marijadi = Wakhidin
Sri mardijanti
PENGETAN
Djaja Setika lan Mukinem nduwe anak lanang lima, nanging mung gesang kang 3. Pembarepe aran Sarpin, penggulune Kasijo, wuragil gesang aran Salimin. Telu-telune mau kelairan ing kampung Krajan, distrikan afdeeling uga Salatiga, residen Semarang.
Layang iki katulis ana ing Desa Gunung Tumpeng onderdistrik Suruh. Wiwit ing dina Selasa kliwon kaping 1 Dulkaidah 1865 utawa kaping 4 ngrinaake 5 ing sasi Pebruari th 1935. Ana ing pondokan omahe Kamituwa Mustajab.
Layang iki mung dijupuk sak perlune wae kanggo mbabadake lelakone Kasijo utawa Prijosudarmo. Sak turun-turune bisa nek klakon ing mbesuk meruhi undha-usuking lelakon. Utawa kenaa kanggo pangeling-eling sokurbage yen kenaa ditiru. (Tinggalan pangeling-eling)
Terjemahan bebas :
SILSILAH
Bp. Djaja Setika + Ibu Mukinem , mempunyai putra-putri :
Sarpin – Djaja Soekarto ( Lahir di Krajan )
Kasijo – Prijosoedarmo ( Lahir di Krajan )
Kusmin ( Meninggal )
….. ( Meninggal )
Salimin ( Lahir di Krajan )
Bp. Sarpin , mempunyai putra-putri :
Soemarno
Soemarni
Soemardi
Soemarsono
Soemarjati
Bp.Kasijo, mempunyai putra-putri :
Srie Moeljani ( Lahir di Gunung Tumpeng, pada hari Sabtu Pon )
Sri Marjati ( Lahir di Gunung Tumpeng – meninggal )
Marijadi = Wakhidin
Sri mardijanti (meninggal)
PENGINGAT
Djaja Setika dan Mukinem mempunyai lima anak laki-laki, namun hanya 3 orang yang hidup. Yang sulung bernama Sarpin, yang kedua Kasijo dan bungsu yang hidup bernama Salimin. Ketiganya lahir di Kampung Krajan, distrik afdeeling Salatiga, Karesidenan Semarang.
Surat ini ditulis di Desa Gunung Tumpeng bagian dari Distrik Suruh. Mulai ditulis sejak Hari Selasa Kliwon tanggal 1 Dulkaidah 1865 atau tanggal 4 malam 5 Bulan Pebruari Tahun 1935. Ditulis di (tempat kost) rumah Kamituwa Mustajab.
Surat ini hanya diambil seperlunya saja untuk menjelaskan kisah hidup Kasijo atau Prijosudarmo. Harapannya agar kisah hidup ini besuk dapat dimengerti oleh anak cucunya, sebagai pengingat atau lebih baik lagi apabila dapat ditiru. (Warisan pengingat )
Mbengi iki aku wis ana nang Jogja maneh, sakwise limang ndina wingi bali nang kuthaku. Pancen ‘diklat’ sing tak lakoni mulai tanggal 27 Pebruari nganti suk tanggal 25 Juni iku, jadwale ora pada karo diklat-diklat sakjenis sing wis dianakne sakdurunge. Jenenge diklat iki ditambahi tembung ‘Pola Anyar’ ateges ora pada karo sing uwis-uwis.
Sing jelas beda karo ‘pola lawas’, yaiku ing pembagian wektune. Yen diklat ngene iki wingi-wingi wektune 3 wulan dur dilakoni ana ing Balai Diklat, saiki ora ngono. Wektu 4 sasi iku kegiatane dibagi ana ing Balai Diklat lan ana ing kantore dewe-dewe : 9 dina pisanan nang Diklat (piwulangan), 5 dina sakteruse nang kantor (golek data lan nemtoake owah-owahan sing arep dilakoni), 17 dina teruse nang Diklat maneh (sinau maneh), banjur 2 sasi nang kantor (praktek, nglakoni owah-owahan sing wis dirancang) lan terakhir nang diklat maneh (evaluasi / ujian pungkasan ) nganti penutupan. Lha.. rak kuwi jenenge wira-wiri yo? (eh.. sing bener ki wira-wiri utawa riwa-riwi yo?..hehe..). Continue reading “Wira-wiri”
Sore-sore krasa atis amarga nang njaba isih udan kawit mau awan, mbuka ‘efbe’ lha kok nemu wara-wara saka Pakdhe sing lagi nganaake bagi-bagi hadiah alias ‘Giveaway’ utawa uga kerep disingkat ‘GA’.
GA-ne Pakde sing iki ‘unik’ lho…beda karo liyane. (Eh, yo mesti wae yo… dudu Pakdhe asmane nek nganaake GA sing biasa-biasa wae..hehe) 😀
Apa istimewane GA Pakdhe siji iki?
Judule wae ‘Giveaway 2 Hari‘, dadi tantangane yo wektune sing mung rong ndina alias mefeeet byanget iku…hehe…
Langsung wae aku ngobrak-abrik blog ‘Cak Cholik’ kagungane Pakdhe iku kanggo golek tulisan sing arep tak tanggapi. Ndilalah kok nemu tulisan sing judule wae wis langsung narik kawigatenku : SMS Bocor bikin tekor.
Aku pancen seneng yen maca seratane Pakde sing model ‘CerKak’ alias Cerita Cekak ngono iku. Ceritane ora ngayawara, nyritaake kedaden-kedaden sing kerep awake dhewe temoni ing urip sakdina-dinane. Gaya-basane enteng, gampang dimangerteni lan kerep uga nyisipake geguyonan nanging ora ngilangake arti / pesen sing dikarepake. Siji maneh sing marakake Cerkak-cerkake Pakde nyenengake diwaca lan ora mboseni, yaiku olehe milih jeneng-jeneng paragane. Kadang dipilihke saka basa jawa… dadi nek diterjemahke (sing ngerti) jan lucuuu pwool…marai ngakak ra uwis-uwis.. hehe…
Cerkak sing judule ‘SMS Bocor Bikin Tekor’ iku, nyritakake Raymoe sing karepe nraktir 3 kanca cedhake (Rabulusa, Ahadiki & Setuwingi) nanging kepeksa dadi tekor amarga ndadak mbayari ‘tamu tak diundang’ sing akehe luwih saka 20! Lha kok bisa? Jebule kedadeyan iku disebabake bocore undangan sing lewat sms.
Sing tak tangkep saka cerita iki : (1) aja nggawa dhuwit pas-pasan yen arep nraktir kanca, sapa ngerti ana kebutuhan ndadak. (2) yen ora diundang yo ora sah mara…apa maneh teka rombongan… melas tuan-omahe… hehe… *upps, ngapunten, Pakdhe… niki penangkepan kula sing cethek… hihi…
Pakdhe, cekap semanten tanggapan kula kangge salah setunggal seratanipun Pakdhe ing Blog ‘Cak Cholik’… mugi-mugi saged dipun tampi 🙂
Nalika aku dolan nang omahe kancaku rong minggu kepungkur, aku ditawani nontoni buku katalog sing gambare klambi-klambi muslim sing apik-apik. Ana gamis, klambi koko, tunik, lan sakpanunggale.
Sing maune aku ora niat tuku klambi anyar kanggo badan, wong memang kanggoku yen bada iku ora kudu nganggo klambi anyar, lha kok nyawang maneka gambar klambi-klambi kang apik-apik iku, aku dadi kepengen tuku. Ora kanggo aku dewe, nanging kanggo ‘tanda tresna’ kagem ibu, mbak-mbak lan keluarga liyane.
Biasane aku memang merloke dolan nyang tokone Bu Kaji langgananku, sak perlu golek klambi-klambi kanggo cangkingan mudik, nanging nganti wingi kuwi aku durung duwe kelonggaran wektu kanggo golek-golek mrana. Mula mumpung ana sing cemepak, aku langsung milih-milih klambi saka gambar sing ana ing buku katalog kuwi. Regane memang rada kacek yen dibandingke karo rega nang tokone Bu Kaji, nanging pikirku tinimbang aku mbuwang tenaga mrana-mrana, yo aku milih barang sing cemepak kuwi, mung kari pesen trus ngenteni barang dikirim udakara semingguan.
Wingi, kancaku iku ngabari yen barang pesenanku wis teka, mula aku enggal mara nang omahe kancaku iku sak perlu njupuk (lan mbayar) klambi-klambi pesenanku kuwi. Seka omah aku nggawa duwit kira-kira cukup kanggo bayar pesenan, kepara tak luwihi sithik, mbok-mbok mengko pengen apa-apa nang ndalan.
Nanging, nalika aku maca nota sing diulungke kancaku nang omahe, aku rada kaget. Gunggunge duwit sing kudu tak bayar kok ora pada karo sing wis tak etung saka omah? Luwih larang, padahal aku apal rego-rego sing ditulis ning katalog sing tak tonton wingi kae. Apa ora salah?
Nalika tak takonke kancaku, jawabane enteng : pesenanku iku dietung nganggo rego sing ditulis nang katalog paling anyar! Lan ing katalog paling anyar iku kabeh regone wis mundak, lan rata-rata sak klambi mundake rego sekitar seket ewunan… Hm 🙁
Terus terang aku rada gela. Sing paling tak gelani amarga kancaku kok ora ngomong sakdurunge yen ana kemungkinan ganti rego manut katalog sing paling anyar lan kabeh pesenan dietung manut rego ing katalog paling anyar!
Tapi yo wis, piye maneh… mungkin pancen ngono aturan ning bisnise iku… Pengene golek penak malah keplenyak… yo ngene iki ceritane.. hehe…