Kangen

Ana loro kangen sing tak rasa tansah ngebaki ati iki

Sepisan kangenku marang swargi Simbah, bapak, ibuk, mba An, para katresnan sing wis ora bisa tak temoni maneh

kangen sing mung bisa sithik-sithik tak obati kanthi nyawang gambar-gambar lawas kenangan jaman isih bebarengan, uga atur donga kagem sedaya kang tansah tak tresnani nangingĀ  wis katimbalan Gusti

Kangen pungkasan yoiku kangenku sowan sujud maneh ing plataran Baitullah uga sowan ziarah Rasulullah

kangen kang nggedheake upaya lan nenuwunku marang Gusti amrih bisa katimbalan maneh ziarah Mekah Medinah

Insyaallah

💜💜💜

Duh Gusti, Dalem Lingsem

Telung puluh

Tanggal pungkasan ing wulan iki, sesuk wis methuki wulan anyar : wulan pungkasan taun iki

Ora kerasa, telung atus telung puluh papat dina wis tak lakoni ing taun iki

Njuk apa sing wis tak asilke sing migunani kanggo liyan saklawase sewelas wulan iki?

Duh Gusti Pangeran Ingkang Maha Agung…dalem lingsem…

Matur sembah nuwun kagem sedaya kanikmatan ingkang sampun kaparingaken dalem

Ugi nyuwun gunging pangaksami amargi dalem dereng saged dados tiyang sae, ingkang tansah migunani kangge tiyang sanes kados sakmestinipun

Gusti Pepunden Dalem,

Mugi-mugi benjing lan dinten-dinten saklajengipun, dalem taksih dipun paringi kesempatan saged dados tiyang ingkang langkung sae ugi langkung manfaat kangge tiyang sanes. Aamiin.