Bolu Pisang Kukus a la Mechta

Hai kanca-kanca Lalang Ungu, piye kabare? Rak yo saras kabeh to? Pancen wayah iki lagi usum udan dadi yo ora maido yen akeh sing dho meriang lan pilek kaya aku wingenane, nanging alhamdulilah saiki wis bali waras maneh.

Wulan kapindho ing tahun 2024 iki wis kelakon 8 dino, aku nembe sempat nulis nang blog iki..hehe… Jan-jane ki yo ora sibuk-sibuk nemen wingenane iku, tapi mbuh ya kok arep nulis rasane aras-arasen wae..haha… Ojo ditiru yo, kanca-kanca…

Kanca Lalang Ungu, esuk mau kok ndilalah aku ngrasa gabut merga preinan ora nang ngendi-ngendi mung nang omah wae, njuk weruh turahan Gedhang Kepok sing tuku wingenane wis katon dalu (tandha-tandhane werna kulite coklat tuwa semu Ireng, nanging yen dipenyet gedhange durung mlenyek nemen). Arep digawe kolak/setup wis ora cocok merga wis lembek, akhire golek-golek resep nang internet.

Bisa maca uga : 2 Olahan Pisang Terlalu Matang yang Sangat Gampang

Asile golek resep iku aku nemu macem-macem resep sing bahan dasare pisang, lan ana 2 macem resep sing pengen tak coba yaiku : Bolu Pisang Kukus lan Caranggesing. Nah, Dina iki sing tak tulis disik resep bolu ne iku ya..

Bolu Pisang Kukus a la Mechta

Bolu Pisang Kukus a la Mechta
Bolu Pisang Kukus a la Mechta

Continue reading “Bolu Pisang Kukus a la Mechta”

KEBAT KLIWAT

kebat-kliwat

Teeeet… Swara bel keprungu banter, nandhaake akhir jam sekolah dina iki.

“Cah-cah, aja lali tugase ya… Tak enteni nganti dina Kemis,” ngendikane Bu Yuni sakwise swara bel kuwi mandeg.  Sakdurunge bel muni mau, Bu Yuni nembe wae nerangake tugas kanggo kelasku ing minggu iki.

Kelas malih rame. Bocah-bocah mburu-cepet nglebokake buku lan perabotan sekolah liyane, banjur enggal-enggak regudugan metu kelas.

“Wis ana gambaran laporan sing arep mbok garap, Hen?” pitakone Ardi sing mlaku alon-alon bareng aku.

Aku gedheg, “Blas, durung ana gambaran ki… Muga-muga mengko bengi bisa mulai surfing golek bahan.”

“Nek aku sih wis nduwe gambaran sithik, kari nambahi kana-kene..”

“Syukurlah… “

*** Continue reading “KEBAT KLIWAT”