Hai kanca-kanca Lalang Ungu, piye kabare? Rak yo saras kabeh to? Pancen wayah iki lagi usum udan dadi yo ora maido yen akeh sing dho meriang lan pilek kaya aku wingenane, nanging alhamdulilah saiki wis bali waras maneh.
Wulan kapindho ing tahun 2024 iki wis kelakon 8 dino, aku nembe sempat nulis nang blog iki..hehe… Jan-jane ki yo ora sibuk-sibuk nemen wingenane iku, tapi mbuh ya kok arep nulis rasane aras-arasen wae..haha… Ojo ditiru yo, kanca-kanca…
Kanca Lalang Ungu, esuk mau kok ndilalah aku ngrasa gabut merga preinan ora nang ngendi-ngendi mung nang omah wae, njuk weruh turahan Gedhang Kepok sing tuku wingenane wis katon dalu (tandha-tandhane werna kulite coklat tuwa semu Ireng, nanging yen dipenyet gedhange durung mlenyek nemen). Arep digawe kolak/setup wis ora cocok merga wis lembek, akhire golek-golek resep nang internet.
Bisa maca uga : 2 Olahan Pisang Terlalu Matang yang Sangat Gampang
Asile golek resep iku aku nemu macem-macem resep sing bahan dasare pisang, lan ana 2 macem resep sing pengen tak coba yaiku : Bolu Pisang Kukus lan Caranggesing. Nah, Dina iki sing tak tulis disik resep bolu ne iku ya..
Bolu Pisang Kukus a la Mechta

Lhoo…jare resepe nyonto internet, kok dijenengi a la Mechta?
Hihi…iyo pancen iki dudu asli resep gaweanku, tapi ana bahan-bahan sing tak ganti lan tak tambahi (tak sesuaiake sing ono nang omahku) dadi wis ora asli resep maune 😁
Bahan & Piranti Masak Bolu Pisang Kukus a la Mechta
Bahan-bahan sing tak gunakke yoiku;
- Gedhang kepok 4 iji
- Trigu 3 sendok makan
- Endog pitik 2 iji
- Susu cair 3 sendok makan
- Bubuk Vanili sakcukupe
- Meises sakcukupe (kanggo hiasan)
- Mentega sakcukupe (kanggo ngolesi loyang)
Alat/piranti masak sing digunaake:
- Garpu
- Baskom
- Loyang
- Panci kukus
Cara Masak Bolu Pisang Kukus a la Mechta
- Gedhang kepok dionceki njuk dilebokke baskom lan dialuske srana dibejek-bejek nganggo garpu.
- Sakwise gedhange alus kabeh njur ditambah trigu lan vanili, diublek maneh men kecampur rata, sakteruse ditambah susu lan endog.
- Adonan diublek maneh nganti kecampur rata lan alus kabeh ora ono sing mbrindhil-brindhil.
- Loyang diolesi nganggo mentega nganti rata, banjur adonan dilebokake loyang. Bagian nduwure diwur-wuri Meises kanggo hiasan
- Sakwise panci kukus panas, loyang dilebokake lan dikukus nganti mateng, kira-kira 20 menit. Tandane yen wis mateng, dicoba disuduk garpu, yen wis ora ana adonan sing nempel garpu nalika garpune diangkat, iku tandane bolu wis mateng.

Bolu nang njero loyang, nembe metu saka panci kukus - Dienteni nganti adem dhisik sakdurunge bolu ditokake saka loyang / dipindah piring saji. Bolu Pisang Kukus a la Mechta siap dimaem.
Lho..kok gampang nemen?
Iyo pancen aku golek resep sing gampang-gampang tur ora perlu piranti-piranti khusus. Tanpa mixer, tanpa oven. Praktis tapi hasile kudu tetep enaaaak … 😁
Piye rasane bolu pisang kukus iki?
Yo jelas enaaak. Krasa manis tapi ora anglek/manis nemen (merga aku mung nganggo susu sithik), tekstur-e lembut lan ora garing. Nek cara wong kulon kali jare tekstur-e moist. Rasa gedhange tetep dominan amarga mung nggunaake trigu sithik. Dimaem pas isih anget enak, njuk aku mau nyoba tak lebokake kulkas dhisik nembe dimaem, yo tetep enak kok. Eh nek jareku malah luwih enak adhem ngono..maknyeeees…😋

Kanca Lalang Ungu, ono sing wis tau nggawe bolu pisang kaya ngene uga? Yuk, bagi ceritane nang kolom komentar ya.. Ohya, yen pengen maca crita-critaku liyane babagan panganan, mangga nutul iki –> Tulisan bab Panganan
Wah ternyata gak ribet ya cara buatnya. Perlu dicoba nih di waktu senggang.
huwo jadi pengen incip, tapi pisangnya mau diganti wae mba tan wkwkwk
soale gak doyan.
Ketoe enak tenan mbak .. opo meneh dikancani kopi utowo teh panas ya. Tak simpen ya mbak resepnya. Nanti kalo kakak balik pondok bisa dicoba recook
Ini bisa jadi ide jualan ngga ya? aku pecinta bolu aah pengen praktik, kayanya ngga ribet..
Akk nampak enak mbak, aku nggak punya oven jadinya suka bikin kue kukus begini jadi makasih banget yaa resepnya mau kupraktekkan ah anak-anak suka pisang…
Matur nuwun resepipun mbak. Resep ingkang gampil dicobi dening ibu-ibu ingkang males masak kados kawulo niki.
Meniko panci kukusipun punopo saged ngagem dandang biasa ingkang kagem masak sekul?
Saged mba…Kula nggih ngangge niku. Loyange dipilih sing saged mlebet dandang niku
Lupa aku udah pernah atau belum. Soalnya anak-anak jarang yang suka pisang