Apa Tumon, Panen Madu Saka Tritisan Omah?

Kanca Lalang Ungu, aja kaget ya maca tulisanku sing nganggo basa Jawa iki. Ora ana angin saka lor utawa kidul, kok ndadak aku kangen nulis nganggo basa Jawa.

Pas ndelok arsip tulisan Lalang Ungu iki, jebul pungkasan aku nulis nganggo basa Jawa ki pas wulan Maret 2017, nem taun kepungkur! Lhaaa..rak yo wis suwiiii nemen to..mula iki aku arep nyoba maneh nulis nganggo basa Jawa, sukur-sukur bisa tak biasaake maneh ra ketang mung sesasi sepisan nguri-uri basa tinggalane pinisepuh 🤭

Eh kanca-kanca, isih kulina ora karo istilah ‘Apa Tumon‘?

Iku lho..istilah sing biasane disebut wong Jawa yen pas nemoni kedadeyan kang marakke nggumun. Aku dewe luwih kulina karo istilah iku amarga sering maca Panjebar Semangat -majalah basa Jawa- lan ing majalah iku ana rubrik/bagiyan sing jenenge “Apa Tumon” yaiku rubrik sing macak kiriman tulisan-tulisan cekak sing isine kedadeyan-kedadeyan lucu / konyol / aneh / ora tinemu nalar. Sakliyane tau ngirim crita cekak, aku yo nate ngirim tulisan ‘opo tumon’ sing isine cerita lucu. Seneeeng rasane yen pas tulisan kirimanku bisa kapacak ing majalah iku 😊

Rubrik Apa Tumon
Rubrik Apa Tumon ing Majalah Panjebar Semangat

Nah, apa sing arep tak critaake wektu iki, koyone uga klebu rada nggumunake, yaiku perkara panen madu saka teras/tritisan omah. Continue reading “Apa Tumon, Panen Madu Saka Tritisan Omah?”