Sore wingi aku mbukak-bukak maneh tulisan-tulisan lawas nang blog ย iki, jebule wis suwe nemen aku ora nulis nganggo basa Jawa.
Lhah, jare karep nguri-uri basa Jawa..lha kok durung bisa ajeg nulis nganggo basa ibuku iki, sanajan mung sewulan pisan..apa maneh kok seminggu pisan pas dina Kamis Jawi kaya sing dingendikaake Pak Gub.. ๐
Amarga saka iku, dina iki tulisanku nganggo basa Jawa maneh, ah… Nanging arep nulis bab apa ya?
Ah iya, wektu iki aku arep nulis bab Apel lan Sereh wae. Lha..ana sesambungan apa antarane Woh Apel karo tanduran Sereh sing biasa kanggo bumbon iku?
Dadi critane ngene… Wis rada suwe iki aku asring ngrasakake lara nang bageyan sikil pernahe ngisor dhengkul (kiwa-tengen) uga ing bageyan sangisore bangkean kiwa.
Priksa nang Puskesmas aku oleh rujukan priksa nang Rumah Sakit Umum, poli syaraf. Sakliyane entuk obat-obatan werna-werna aku uga dirujuk nang Poli Fisioterapi. Sasat saben minggu kudu menyang Poli iku, diterapi nganggo alat MWD yaiku alat kang ngetoake panas kang sumbere saka gelombang / getaran.
Pancen saben rampung terapi rasane luwih kepenak, ora nyeri-nyeri maneh..nanging emane saben terapi wektune diwatesi mung 10 menit, nanging ngantrine nganti jam-jaman amarga pasiene uakeeeeh… Jaan, marakke mualeees…
Ngerteni aku sering lara nang dhengkul ngono kuwi, kanca-kancaku akeh sing menehi ngerti bab obat-obatan tradisional utawa obat alami, salah sijine ana sing ngirim kabar bab Godhogan Apel-Sereh lewat WhatsApp.

Yo merga saka iku akhir-akhir iki aku ora nerusake terapi nang RS, nanging nyoba terapi dewe ngombe godhogan Apel-Sereh, yo sebut wae Wedang sanajan tanpa ditambahi gula babar blas.
Carane nggawe wedang iku gampang kok.. Mung butuh 1-2 woh apel ijo (aku nganggo apel Malang) lan 4-5 sereh, kabeh mau diiris-iris cilik trus digodhog karo banyu watara 3 gelas, nganggo geni cilik nganti umub lan banyune susut kari sak gelas. ย Sakwise diadhemke sawetara, banyu godhogan apel-sereh iku banjur diombe, rutin saben dina.

Alhamdulillah, saiki sikil lan bangkekanku ora asring kumat lara maneh kaya sakdurunge. Kayane wedang godhogan iku pancen cocok. Sakliyane aku, ibuku uga cocok ngunjuk ramuan iki, ngelongi gerahe boyok.
Tulisan iki pancen mung didhasari pengalamanku dewe, aku durung nemu alesan ilmiahe. Sakjane aku wis nyoba golek alesan ilmiahe apa sebabe ramuan apel-sereh iku apik kanggo lara kaya sing tak rasake, nanging nganti saiki aku kok durung nemu dasar sing ilmiah.
Mbok menawa kanca-kanca ana sing nduwe pengalaman padha utawa ana sing mangerteni alasan ilmiahe, mangga ditulis nang kolom komentar yoo..
***
Mohon maaf untuk teman-teman yang merasa roaming dengan post ini, insya Allah akan ditulis ulang dalam Bahasa Indonesia ๐
Mangga dicobi, Diajeng.. Suwun pandongane nggih…
Yg penting ngerti ya mba..hehe…
MBAK, APEL Digodog rasane koyo opo yo?
Rasane enak kok.. Coba wae men ora penasaran, mb Umi..hehe..
Wedew, blas rangerti mba.. wkwkwk
Ngapurane yo..blom sempat nulis versi indonesianya..
Apik tenan, buat jaga kesehatan juga bisa ini mah . .
Betuuul….
saya roaming abis, Mbak hahaha
Ups..maafkan..blom sempat2 nulis versi bhs indonesia nya hehe..
Waaa ilmu anyar maneh, suwun mba infone..
Sami2…
ngertos, Mbak ๐ duh, bosoku kasar, maklum, asline bonek hehehe
Alhamdulillah, Wuri.. Ora kasar kok..iku sak madya / tengah-tengah…hehe..
Wiii resep oke nih
Dicoba, Non….
Maturnuwun Diajeng paring wewahing seserapan. Nikmat berkhasiat ya Jemg
Inggih, Ibu… Sakwangsulipun.. Maturnuwun sampun maos..
wah baru tahu kalau punya kahsiat yang bagus , ok bisa dicoba
Silakan mba…
Hahaha,,, saya termasuk yg hanya menangkap maksud mumunya.
Alhamdulillah ya mbak, ramuannya cocok jd ga perlu bolak balik terapi lag.
Rasanya kayak apa ya mbak? *ga nemu/ga ngerti bahasane ๐
Haha..alhamdulillah sudah tertangkap maksudnya ya mba…
Rasanya biasa saja kok, sama sekali tidak pahit / pedas, tidak bisa dibilang tawar samasekali sih..tp ya tidak jauh beda dg minum air biasa..hanya ada aroma serai yg segar..
wah…menarik sanget tulisan basa jowonipun, tapi ngapuntene yen kula ngomentari mboten ngangge basa ingkang pas lan campur-campur, amargi kula pun pitulikur tahun teng sulawesi,
Kula nggih sering sakit boyok, pas nggen tulang belakang, mungkin saget cocok nggih mimun wedang apel sereh?, tapi raose pedes mboten nggih amargi kula gadhah sakit magh, nopo kinten-kinten mboten merangsang lambung? yen mboten kula badhe nyobi terapi niki. Suwun..
Rasane mboten pait / pedes babar blas kok mba Nur.. Kados toya biasa.. Mangga dicobi sekedik rumiyin..mbok menawi cocok diterasaken menawi mboten cocok nggih mandeg mawon..hehe..
Oh nggih, InsyaAllah mbak, suwun infonipun
Aku meraba-raba artinya. Dan minuman apel Plus sereh ini selain berhasiat untuk kesehatan rasanya pasti juga enak ya Mbak Tanti ๐
Hehe… Maaf mb Evi..lg kangen nulis pakai bhs ibu…
Ya mba.. Rasanya enak -dalam arti sama sekali tdk seperti jamu- seperti air biasa, serehnya jg gak pedes malah bikin aroma yg enak…