Lajang Babad lelakone Kasijo (3)

Ini adalah petikan ketiga dari terjemahan tulisan Mbah Kakung Kasijo. Oya, kisah-kisah sebelumnya dapat dibaca  di sini.

***

Sajroning aku sekolah mau wis ngiras ajar dodolan werna-werna. Ora nganggo isan-isin kaya ta adol kayu areng, kulakan dewe duwite yoiku celengan naliko buruh nglinting rokok. Gonta ganti dodolanku, lebar iku mau geplak lan jenang, lebar iku krupuk lan karag nuli roti nganggo pupuk gula pasir, nuli bolang-baling.

Suwe-suwe sak metuku saka Karanganyar aku wis ora bakulan maneh, sekolah maneh ana ing Jetis (Leerschool Jetis). Kang dadi wewakile ngleboake Karsodinama agen pulisi, kang mbayari yo bapakku dewe, Joyo Setika.

Nalika semana wis lumrah pamulangan jaman mlebune ana ing Sasi Sawal tanggal ping 5. Unggah-unggahan mesti ing Sasi Ruwah ngarepake Sasi Pasa, dadi tanggal ping 28 Ruwah. Kang dadi mantri gurune Bahu Atmaja, nyekel ing pangkat siji, Cakra Suwignya nyekel pangkat lima, Adi Sumarta nyekel pangkat telu, Mangun Sudirjo nyekel pangkat papat lan isih kabantu para murid ing Normalschool kang wis pangkat papat.

Tamatku saka pamulangan mau ing tanggal ping 3 wulan 4 tahun 1924, ing nalika iku uga ana eksamenan werna loro, yaiku : Normalschool (NS) lan Kursus Guru Desa (CGD). Nanging wis wiwit pada ora oleh bayaran. Continue reading “Lajang Babad lelakone Kasijo (3)”

Lajang Babad Lelakone Kasijo (2)

Ini lanjutan tulisan Mbah Kakung yang kemarin….

……

Kasijo kelairan ing dina Setu Wage = 13,  manut ing petung bocah kakon aten ( Mei 1909 ). Wiwit nalika isih cilik uripe tansah kelara-lara utawa rekasa wae. Bareng wis wiwit umur nem tahun luwih, dituntun marang laku gemi sarta seneng ngupaya sandang pangan. Sarana disinau buruh nggawe rokok klobot.

Nalika ngarah pangan sarta duwit oleh-olehane ora mbejaji mung oleh loro utawa telung sen, ing ndalem sedina sewengi. Nanging bungahku wis dudu-dudu, wong bocah cilik duwit mau tunggale dinggo jajan lan sebagian dicelengi.

Nglakoni dadi buruh mau nganti ngancik umur 14 tahun. Sing kerep dieloni swargi Wa Tingkir, mBok Rasin lan Muljosamsi. Malah wis nganti ketula-tula nggolek pegaweyan menyang Semarang nalika tahun walanda 1924 nanging ora oleh, tibane yo mung buruh nglinting rokok cengkeh melu Muljosamsi ing Kampung nJomblang.

Nalika umurku lagi 6 taun dadi ana ing tahun 1915, dileboake sekolah ana ing Pamulangan Desa ning Karanganyar Salatiga. Mantri gurune Tuwan Liyonar. Ana ing pamuwalangan mau kegolong pinter. Wiwitaning klas ing Karanganyar iku klas 0 nganti klas 4, dene aturane unggah-unggahan iyo nyetaun. Olehku sekolah mung rong taun, wiwit saka klas das (0) nganti klas 1 A/B nuli klas 2.

 Gurune nalika iku mas Guru Sumono lan rayine, sarta mas Guru Glundhung lan mantri guru Tuwan Liyonar. Lha sing dadi tukang mriksa panditane Tuwan Kam. Guru-guru mau kang tresna banget nyang aku sarta kakangku Tuwan Liyonar mau, nganti sak prene isih tak eling-eling. Yaiku aku kerep lara mimisen, tuwan sarta nyonyahe kerep maringi salin klambi, topi, tuwin liya-liyane. Pancen gumati banget.

Nggonku sekolah ora tutug awit ana dadakan lupute gurune yaiku Sumono dalah kang wadon. Guru wadon lagi nyontoni nulis alus kesuwen, guru Sumono mara nganggo nyekeli garisan papan, disabetake aku nanging luput nganti ping pindho. Sabet tak cekel lan poklek, sabak dak cangking nuli mulih bali terus aku ora gelem mlebu maneh, tuwane kerep marani aku nanging aku meksa mbangkang dadi metu.

Ana tutuge…

Terjemahan bebas : Continue reading “Lajang Babad Lelakone Kasijo (2)”

Lajang Babad Lelakone Kasijo (1)

Seperti yang kuceritakan beberapa waktu lalu keluarga kami seolah mendapat ‘harta karun’ ketika menemukan buku-buku berisi tulisan tangan dari swargi Mbah Kakung Kasijo Prijosudarmo yaitu ayah dari ibu kami.

Sampul Bukunipun Mbah Kakung
Sampul Bukunipun Mbah Kakung

Nah, inilah sebagian kisah hidup beliau -yang aslinya tertulis dengan huruf  jawa itu- hasil ‘terjemahan’  ibu kami.

SALASILAH

Bp. Djaja Setika + Ibu Mukinem , nganakake :

  1. Sarpin – Djaja Soekarto ( Krajan )
  2. Kasijo – Prijosoedarmo ( Krajan )
  3. Kusmin ( Ajal )
  4. ….. ( Ajal )
  5. Salimin ( Krajan )

 

Bp. Sarpin , nganakake :

  1. Soemarno
  2. Soemarni
  3. Soemardi
  4. Soemarsono
  5. Soemarjati

 

Bp.Kasijo, nganakake :

  1. Srie Moeljani ( Gunung Tumpeng, setu pon )
  2. Sri Marjati ( Gunung Tumpeng )
  3. Marijadi = Wakhidin
  4. Sri mardijanti

PENGETAN

 

Djaja Setika lan Mukinem nduwe anak lanang lima, nanging mung gesang kang 3. Pembarepe aran Sarpin, penggulune Kasijo, wuragil gesang aran Salimin. Telu-telune mau kelairan ing kampung Krajan, distrikan afdeeling uga Salatiga, residen Semarang.

 

Layang iki katulis ana ing Desa Gunung Tumpeng onderdistrik Suruh. Wiwit ing dina Selasa kliwon kaping 1 Dulkaidah 1865 utawa kaping 4 ngrinaake 5 ing sasi Pebruari th 1935. Ana ing pondokan omahe Kamituwa Mustajab.

 

Layang iki mung dijupuk sak perlune wae kanggo mbabadake lelakone Kasijo utawa Prijosudarmo. Sak turun-turune bisa nek klakon ing mbesuk meruhi undha-usuking lelakon. Utawa kenaa kanggo pangeling-eling sokurbage yen kenaa ditiru. (Tinggalan pangeling-eling)

Terjemahan bebas :

SILSILAH

Bp. Djaja Setika + Ibu Mukinem , mempunyai putra-putri :

  1. Sarpin – Djaja Soekarto ( Lahir di Krajan )
  2. Kasijo – Prijosoedarmo ( Lahir di Krajan )
  3. Kusmin ( Meninggal )
  4. ….. ( Meninggal )
  5. Salimin ( Lahir di Krajan )

 

Bp. Sarpin , mempunyai putra-putri :

  1. Soemarno
  2. Soemarni
  3. Soemardi
  4. Soemarsono
  5. Soemarjati

 

Bp.Kasijo, mempunyai putra-putri :

  1. Srie Moeljani ( Lahir di Gunung Tumpeng, pada hari Sabtu Pon )
  2. Sri Marjati ( Lahir di Gunung Tumpeng – meninggal )
  3. Marijadi = Wakhidin
  4. Sri mardijanti (meninggal)

 

PENGINGAT

 

Djaja Setika dan Mukinem mempunyai lima anak laki-laki, namun hanya 3 orang yang hidup. Yang sulung bernama Sarpin, yang kedua Kasijo dan bungsu yang hidup bernama Salimin. Ketiganya lahir di Kampung Krajan, distrik afdeeling Salatiga, Karesidenan Semarang.

 

Surat ini ditulis di Desa Gunung Tumpeng bagian dari Distrik Suruh. Mulai ditulis sejak Hari Selasa Kliwon tanggal 1 Dulkaidah 1865 atau tanggal 4 malam 5 Bulan Pebruari Tahun 1935.  Ditulis di (tempat kost) rumah Kamituwa Mustajab.

Surat ini hanya diambil seperlunya saja untuk menjelaskan kisah hidup Kasijo atau Prijosudarmo. Harapannya agar kisah hidup ini besuk dapat dimengerti oleh anak cucunya, sebagai pengingat  atau lebih baik lagi apabila dapat ditiru.  (Warisan pengingat )

Bersambung….

Harta Karun dari Mbah Kakung

Beberapa waktu lalu, saat ibu kondur  ke rumah kami di Semarang, beliau sempat bersih-bersih sebuah almari di kamar swargi  Simbah Putri yang sudah cukup lama tak pernah dibuka lagi.  Nah, saat bersih-bersih almari itulah, ibu menemukan beberapa barang yang bisa dikatakan sebagai ‘harta karun’ bagi kami.

Barang-barang apakah itu???

Segenggam berlian atau kah segepok uang?

Hehe…. bukaaan… Sama sekali bukan keduanya.  OK deh… biar tak berlama-lama penasaran, ini dia penampakan barang-barang itu .  Taaraaaa….. (*diiringi suara drum khayalan..) : Continue reading “Harta Karun dari Mbah Kakung”

Wira-wiri

Mbengi iki aku wis ana nang Jogja maneh, sakwise limang ndina wingi  bali nang kuthaku.  Pancen ‘diklat’ sing tak lakoni mulai tanggal 27 Pebruari  nganti suk tanggal 25 Juni iku, jadwale ora pada karo diklat-diklat sakjenis sing wis dianakne sakdurunge.  Jenenge diklat iki ditambahi tembung ‘Pola Anyar’ ateges ora pada karo sing uwis-uwis.

Sing jelas beda karo ‘pola lawas’, yaiku ing pembagian wektune. Yen diklat ngene iki wingi-wingi wektune 3 wulan dur dilakoni ana ing Balai Diklat, saiki ora ngono.  Wektu 4 sasi iku kegiatane dibagi ana ing Balai Diklat lan ana ing kantore dewe-dewe : 9 dina pisanan nang Diklat (piwulangan), 5 dina sakteruse nang kantor (golek data lan nemtoake owah-owahan sing arep dilakoni), 17 dina teruse nang Diklat maneh (sinau maneh), banjur 2 sasi nang kantor (praktek, nglakoni owah-owahan sing wis dirancang) lan terakhir nang diklat maneh (evaluasi / ujian pungkasan ) nganti penutupan.  Lha.. rak kuwi jenenge wira-wiri yo? (eh.. sing bener ki wira-wiri  utawa riwa-riwi yo?..hehe..). Continue reading “Wira-wiri”

CerKak a la Pakdhe

Sore-sore krasa atis amarga nang njaba isih udan kawit mau awan, mbuka ‘efbe’  lha kok nemu wara-wara saka Pakdhe sing lagi nganaake bagi-bagi hadiah alias ‘Giveaway’ utawa uga kerep disingkat ‘GA’.

GA-ne Pakde sing iki ‘unik’ lho…beda karo liyane.   (Eh, yo mesti wae yo… dudu Pakdhe asmane nek nganaake GA sing biasa-biasa wae..hehe) 😀

Apa istimewane GA Pakdhe siji iki?

Judule wae ‘Giveaway 2 Hari‘, dadi tantangane yo wektune sing mung rong ndina alias mefeeet byanget iku…hehe…

Langsung wae aku ngobrak-abrik blog ‘Cak Cholik’ kagungane Pakdhe iku kanggo golek tulisan sing arep tak tanggapi.  Ndilalah  kok nemu tulisan sing judule wae wis langsung narik kawigatenku : SMS Bocor bikin tekor.

Aku pancen seneng yen maca seratane Pakde sing model ‘CerKak’ alias Cerita Cekak ngono iku. Ceritane ora ngayawara, nyritaake kedaden-kedaden sing kerep awake dhewe temoni ing urip sakdina-dinane. Gaya-basane enteng, gampang dimangerteni  lan kerep uga nyisipake geguyonan nanging ora ngilangake arti / pesen sing dikarepake.  Siji maneh sing marakake Cerkak-cerkake Pakde nyenengake diwaca lan ora mboseni, yaiku olehe milih jeneng-jeneng paragane. Kadang dipilihke saka basa jawa… dadi nek diterjemahke (sing ngerti) jan lucuuu pwool…marai ngakak ra uwis-uwis.. hehe…

Cerkak sing judule ‘SMS Bocor Bikin Tekor’ iku, nyritakake Raymoe sing karepe nraktir 3 kanca cedhake (Rabulusa, Ahadiki & Setuwingi) nanging kepeksa dadi tekor amarga ndadak mbayari ‘tamu tak diundang’ sing akehe luwih saka 20!  Lha kok bisa? Jebule kedadeyan iku disebabake bocore undangan sing lewat sms.

Sing tak tangkep saka cerita iki : (1) aja nggawa dhuwit pas-pasan yen arep nraktir kanca, sapa ngerti ana kebutuhan ndadak.  (2) yen ora diundang yo ora sah mara…apa maneh teka rombongan… melas tuan-omahe… hehe… *upps, ngapunten, Pakdhe… niki penangkepan kula sing cethek… hihi…

Pakdhe, cekap semanten tanggapan kula kangge salah setunggal seratanipun Pakdhe ing Blog ‘Cak Cholik’… mugi-mugi saged dipun tampi  🙂

Obong-obong

Ngobong suket ing lemah nganggur
Ngobong suket ing lemah nganggur

Hm… jare obong-obong sampah, suket  lan sak panunggale ki dilarang, malah jare wis ana peraturane, mbuh kuwi Undang-undang apa dene Peraturan Daerah / Perda.  Lha tapi, kok yo isiiih wae ana sing nindakke obong-obong , kaya sing tak sawang wingi sore wayah bali kantor.

Ana sing lagi obong-obong suket sak amban2 nang lemah nganggur sing ana ning ngarep kantorku.  Pancen ing lemah nganggur kuwi sukete dhuwur-dhuwur, mungkin sing arep ngresiki awang-awangen yen kudu mbabati saka sithik, dadine trus diobong wae kaya sing katon ing gambar nduwur iku…  Lha nek kasep kobaran gedhe gek njur piye??? Sapa sing gelem disalahke???

Hm… polusiii… 🙁 Continue reading “Obong-obong”

Saknyukan tilik kutho klairan

Dhek preinan 1 Suro ( 1 Muharam ) Selasa wingi kuwi, alhamdulillah ana kesempatan tilik kutho klairanku : Salatiga. Pancen ora suwe, mung sawatara jam wae, nanging lumayan bisa nambani kangen marang kutho adem iku.

Aku budhal saka Pekalongan watara jam sanga esuk, lan nembe tekan panggonan kang tak tuju watara jam loro awan.  Pancen luwih suwe tinimbang wektu biasane, amarga esuk iku aku numpak travel lan travele kudu mubeng-mubeng dhisik nang Kutho Batang saperlu methuk salah sijine penumpang kang alamat omahe lumayan angel golek-golekane. Kejobo iku, amarga sopire travel ngerti yen ing kutho Kendal macet amarga dalan kang nembe didandani, dadi ora dilewatke Kendal kutho nanging diubengke lewat njaban kutho (nek ora salah lewat Patebon ).

Sanajan mung duwe wektu sedhelok thok nang Salatiga, aku tetep golek kesempatan muter-muter kutho kenangan iku, nglewati dalan Osamaliki ( trenyuh nyawang pasar nJetis sing wis ora karuwan..), ing dalan Kartini rada pangling amarga gedung SMP I wis malih banget lan sing mbiyen gedung SPG -panggonan aku lan mbak-mbakku biasa golek kembang-kembang nggo piranti dandan sakdurunge njoged- saiki wis dadi gedung SMA III .

Sakdurunge menggok nang dalan cilik nggoleki SD Margosari 7, aku isih sempat lingak-linguk wit2an gede ing pinggir dalan iku, sapa ngerti bisa nyawang anggrek merpati kaya sing diserat Bu Prih wingi kae, hehe… Sak elingku, dalan cilik sak ngarepe SD ku mbiyen kanggo parkiran dokar-dokar… jebule saiki wis ora ana dokar-dokare lan SD Margosari 7 wis maleh jeneng dadi SD Negeri … ( maaf.. aku lali, wis dadi SD pira, hehe…).  Sing jelas, wis ora ana maneh gapuro sing ana lungguhane, sing maraake aku tibo lan tanganku kudu digips pirang-pirang wulan dhek klas 2 mbiyen kae 😉

Aku uga sempat mampir nang Pasar Blauran, golek krupuk dhele karemanku kawit cilik.  Eman, sore iku rada angel golekane, mung ana sak nggon ding dodol, iku wae kari entuk sak plastik cilik krupuk mentah iku.  Yo wis, akhire digenepi oleh-oleh khas Salatiga liyane : enting-enting gepuk, gula kacang, uga kripik paru… alhamdulillah 🙂

Enting-enting Gepuk siap makan & Krupuk Dhele siap goreng
Enting-enting Gepuk siap makan & Krupuk Dhele siap goreng

Nalika muter-muter Salatiga sore iku, aku sempat rasan yen Salatiga kok saiki panas yo… ora adhem kaya biasane, ndilalah, nalika mampir nang Warung Joglo -maem awan sing kesoren- lha kok ndadak udan rada deres! Naah, sakbare udan iku, Salatiga dadi ketok asline : adem..hehe…

Wektu krasane mlayu cepet banget sore iku ( ya’e amarga kegawa ati seneng, hehe…) akhire watara jam 8 bengi, aku ninggalke kutho klairan iku, diampiri mbakku sing nuju saka Boyolali arep kondur nang Semarang.  Pancen mung saknyukan olehku tilik kutho klairan, tapi tetep nyenengake.  Muga-muga liya wektu bisa dolan maneh luwih suwe, syukur-syukur bisa sowan daleme Bu Prih .  Aamiin  🙂

Ganti rego : Golek penak malah keplenyak

Nalika aku dolan nang omahe kancaku rong minggu kepungkur, aku ditawani nontoni buku  katalog sing gambare klambi-klambi muslim sing apik-apik.  Ana gamis, klambi koko, tunik, lan sakpanunggale.
“Ayo mbak… milih-milih klambi bada..” ngono ujare kancaku kuwi.
Sing maune aku ora niat tuku klambi anyar kanggo badan, wong memang kanggoku yen bada iku ora kudu nganggo klambi anyar, lha kok nyawang maneka gambar klambi-klambi kang apik-apik iku, aku dadi kepengen tuku.  Ora kanggo aku dewe, nanging kanggo ‘tanda tresna’ kagem ibu, mbak-mbak lan keluarga liyane.
Biasane aku memang merloke dolan nyang tokone Bu Kaji langgananku, sak perlu golek klambi-klambi kanggo cangkingan mudik, nanging nganti wingi kuwi aku durung duwe kelonggaran wektu kanggo golek-golek mrana.  Mula mumpung ana sing cemepak, aku langsung milih-milih klambi saka gambar sing ana ing buku katalog kuwi.  Regane memang rada kacek yen dibandingke karo rega nang tokone Bu Kaji, nanging pikirku tinimbang aku mbuwang tenaga mrana-mrana, yo aku milih barang sing cemepak kuwi, mung kari pesen trus ngenteni barang dikirim udakara semingguan.
Wingi, kancaku iku ngabari yen barang pesenanku wis teka, mula aku enggal mara nang omahe kancaku iku sak perlu njupuk (lan mbayar) klambi-klambi pesenanku kuwi.  Seka omah aku nggawa duwit kira-kira cukup kanggo bayar pesenan, kepara tak luwihi sithik, mbok-mbok mengko pengen apa-apa nang ndalan.
Nanging, nalika aku maca nota sing diulungke kancaku nang omahe, aku rada kaget.  Gunggunge duwit sing kudu tak bayar kok ora pada karo sing wis tak etung saka omah?  Luwih larang, padahal aku apal rego-rego sing ditulis ning katalog sing tak tonton wingi kae.  Apa ora salah?  
Nalika tak takonke kancaku, jawabane enteng : pesenanku iku dietung nganggo rego sing ditulis nang katalog paling anyar! Lan ing katalog paling anyar iku kabeh regone wis mundak, lan rata-rata sak klambi mundake rego sekitar seket ewunan… Hm 🙁
Terus terang aku rada gela.  Sing paling tak gelani amarga kancaku kok ora ngomong sakdurunge yen ana kemungkinan ganti rego manut katalog sing paling anyar lan kabeh pesenan dietung manut rego ing katalog paling anyar! 
Tapi yo wis, piye maneh… mungkin pancen ngono aturan ning bisnise iku…  Pengene golek penak malah keplenyak… yo ngene iki ceritane.. hehe… 
Terjemahan bebas : Continue reading “Ganti rego : Golek penak malah keplenyak”

Miksi kuwi numani…

Alhamdulillah….  

Aku bungah, soale pirang-pirang dina kepungkur iki, tambah akeh kanca-kanca kang nggawe tulisan  fiksi, mbuh kuwi crita cekak, apa crita super cekak – sing jare basa mancane flash fiction iku lho…  

Ana Mbak Monda sing crita tentang kacamata silihan, Mbak Irma sing crita bab donya kang beda, lan nembe wingi Mbak Ely uga nulis crita super cekak tentang si pleboi cap krupuk ( sst… ana candhake lho…)  lan isih akeh kanca liyane 🙂

Yo mesti wae aku bungah, soale aku ki pancen karem banget maca crita-crita, dadi yen tambah akeh kanca sing gawe tulisan crita fiksi ngono kui, rak berarti wacananku tambah akeh to? asyiiik…

Oya, nek miturut pengalamanku dewe, nulis crita fiksi alias miksi ki numani lho… dadi, gedhe pangarep-arepku, kanca-kanca kuwi yo banjur numan nulis crita ben tambah akeh sing bisa diwaca bareng-bareng.. rak gayeng to?

Mangga lho..kanca-kanca… sinten malih sing badhe miksi ? Kula tengga nggih….

Terjemahan :

Alhamdulillah…

Aku bahagia, karena beberapa hari terakhir ini semakin banyak teman-teman yang membuat tulisan fiksi, entah itu berupa Cerita Pendek ataupun Cerita super pendek – yang sering disebut dengan bahasa seberang flash fiction itu lho..

Ada Mbak Monda yang bercerita tentang kacamata pinjamanada Mbak Irma yang bercerita tentang dunia yang berbeda, dan kemarin ini Mbak Ely menulis cerita tentang Si Pleboi Cap Kerupuk  (sst…. akan ada lanjutannya lhoo), juga tentunya masih ada beberapa teman lainnya… 🙂

Ya, tentu saja aku bahagia, karena aku kan paling suka membaca aneka cerita, jadi dengan semakin banyaknya teman yang menulis fiksi , berarti persediaan bacaanku semakin banyak.. Asyiik…

Oya, berdasarkan pengalaman pribadi, menulis cerita fiksi alias miksi itu bisa bikin ketagihan lho… jadi aku sangat berharap teman-teman itupun akan merasakan menulis fiksi sebagai candu agar semakin banyak cerita yang ditulis dan semakin banyak yang dapat kita nikmati bersama-sama.  Menyenangkan, bukan ?

Silahkan teman-teman… siapa lagi yang mau miksi ? Tak tunggu yaa….