Mbengi iki aku wis ana nang Jogja maneh, sakwise limang ndina wingi bali nang kuthaku. Pancen ‘diklat’ sing tak lakoni mulai tanggal 27 Pebruari nganti suk tanggal 25 Juni iku, jadwale ora pada karo diklat-diklat sakjenis sing wis dianakne sakdurunge. Jenenge diklat iki ditambahi tembung ‘Pola Anyar’ ateges ora pada karo sing uwis-uwis.
Sing jelas beda karo ‘pola lawas’, yaiku ing pembagian wektune. Yen diklat ngene iki wingi-wingi wektune 3 wulan dur dilakoni ana ing Balai Diklat, saiki ora ngono. Wektu 4 sasi iku kegiatane dibagi ana ing Balai Diklat lan ana ing kantore dewe-dewe : 9 dina pisanan nang Diklat (piwulangan), 5 dina sakteruse nang kantor (golek data lan nemtoake owah-owahan sing arep dilakoni), 17 dina teruse nang Diklat maneh (sinau maneh), banjur 2 sasi nang kantor (praktek, nglakoni owah-owahan sing wis dirancang) lan terakhir nang diklat maneh (evaluasi / ujian pungkasan ) nganti penutupan. Lha.. rak kuwi jenenge wira-wiri yo? (eh.. sing bener ki wira-wiri utawa riwa-riwi yo?..hehe..).
Amarga iki nembe angkatan pisanan ing diklat ‘pola anyar’, samubarange krasa isih durung trep. Kaya isih coba-coba, para pamulange kaya isih golek bentuk piwulangan sing pas. Ana sing komentar kaya ngono, uga ana sing komentar yen angkatan iki kaya kelinci coban wae.. hehe… Ah, iku kan omongane wong pesimis. Aku percaya iku ora bener. Insya Allah, diklat ‘pola anyar’ iki bisa dilakoni kanti apik lan pakolehe salaras karo sing digagas : bisaa nyetak para ‘pemimpin perubahan’ sing duwe ‘integritas’ lan ‘wawasan kebangsaan’ . Aamiin…
Wira-wiri sithik, yo ra popo… Isih grothal-grathul yo dimaklumi wae… suwe-suwe rak lancar… Rak yo ngono, to..? hehe…. Yuk ah kanca, tak mapan leren sik.., sesuk siap-siap nampa piwulangan maneh… 🙂
Catatan : mohon maaf, sedang ingin menulis dengan bahasa Jawa. Untuk teman-teman yg kurang mengerti, maafkan ketidaknyamanan ini yaa… Terjemahan bebasnya secepat sempat deh.. 🙂
March 15, 2014 at 11:36
Sembarang kuwi ancen kudune belajar, uwong ora angger iso tapi ono prosese. Yo ben wara wiri sing penting lak jluntrung mburine hehehe
Sik kasar boso jowoku mbak hehhe
siip… betul mbak… kesel sithik ra dadi ngapa yoo… *senenge entuk kanca ngobrol jawanan… kasar alus ora dadi ngapa mbak.. 🙂
March 16, 2014 at 00:22
wah..hebat nulisnya masih sangat lancar dengan bahasa daerah. Hebat Mbak. Sekalian melestarikan bahasa daerah kita.
Semoga sukses dengan Diklat pola barunya Mbak..
hihi… asli nulisnya sambil mikir kok mbak hehe… aamiin, trims doanya, mbak Dani..
March 16, 2014 at 00:51
Lah itu Mba Mechta, saya penasaran, yang bener wira-wiri ato riwa-riwi. kalo suroboyoan sih riwa-riwi. Hihihihihi,
Kebayang itu mba riweuhnya bolak-balik kayak gitu. Semoga sakses nggih Mba.. 🙂
hayo… kanca2 sapa sing ngerti… sing bener wira-wiri apa riwa-riwi sih? suwun pandongane, Dani…