Sore-sore krasa atis amarga nang njaba isih udan kawit mau awan, mbuka ‘efbe’ lha kok nemu wara-wara saka Pakdhe sing lagi nganaake bagi-bagi hadiah alias ‘Giveaway’ utawa uga kerep disingkat ‘GA’.
GA-ne Pakde sing iki ‘unik’ lho…beda karo liyane. (Eh, yo mesti wae yo… dudu Pakdhe asmane nek nganaake GA sing biasa-biasa wae..hehe) 😀
Apa istimewane GA Pakdhe siji iki?
Judule wae ‘Giveaway 2 Hari‘, dadi tantangane yo wektune sing mung rong ndina alias mefeeet byanget iku…hehe…
Langsung wae aku ngobrak-abrik blog ‘Cak Cholik’ kagungane Pakdhe iku kanggo golek tulisan sing arep tak tanggapi. Ndilalah kok nemu tulisan sing judule wae wis langsung narik kawigatenku : SMS Bocor bikin tekor.
Aku pancen seneng yen maca seratane Pakde sing model ‘CerKak’ alias Cerita Cekak ngono iku. Ceritane ora ngayawara, nyritaake kedaden-kedaden sing kerep awake dhewe temoni ing urip sakdina-dinane. Gaya-basane enteng, gampang dimangerteni lan kerep uga nyisipake geguyonan nanging ora ngilangake arti / pesen sing dikarepake. Siji maneh sing marakake Cerkak-cerkake Pakde nyenengake diwaca lan ora mboseni, yaiku olehe milih jeneng-jeneng paragane. Kadang dipilihke saka basa jawa… dadi nek diterjemahke (sing ngerti) jan lucuuu pwool…marai ngakak ra uwis-uwis.. hehe…
Cerkak sing judule ‘SMS Bocor Bikin Tekor’ iku, nyritakake Raymoe sing karepe nraktir 3 kanca cedhake (Rabulusa, Ahadiki & Setuwingi) nanging kepeksa dadi tekor amarga ndadak mbayari ‘tamu tak diundang’ sing akehe luwih saka 20! Lha kok bisa? Jebule kedadeyan iku disebabake bocore undangan sing lewat sms.
Sing tak tangkep saka cerita iki : (1) aja nggawa dhuwit pas-pasan yen arep nraktir kanca, sapa ngerti ana kebutuhan ndadak. (2) yen ora diundang yo ora sah mara…apa maneh teka rombongan… melas tuan-omahe… hehe… *upps, ngapunten, Pakdhe… niki penangkepan kula sing cethek… hihi…
Pakdhe, cekap semanten tanggapan kula kangge salah setunggal seratanipun Pakdhe ing Blog ‘Cak Cholik’… mugi-mugi saged dipun tampi 🙂
January 22, 2014 at 00:57
Hehehe… Penggunaan nama tokoh yg Pakde gunakan memang unik2 ya Bu…
Poniasih
Sitiasly
Two Knee aka Tukeni
Semoga berjaya di GA 2 hari Bu 🙂
lhaa…nama2 antik itu yg paling bikin ngakak… trims, mas.. sudah ikut juga kan?
January 22, 2014 at 04:14
Terima kasih atas partisipasi sahabat dalam Giveaway 2 Hari
Salam hangat dari surabaya
selamat memilah & memilih peserta utk jadi pemenang, Pakdhe… 🙂
January 22, 2014 at 08:52
Cerito-ceritone PakDhe ancen top markotop Mbak Mechta. Iso nggae kaget-kaget karo mesam-mesem.. Hihihi *sepurane nggawe boso Suroboyoan
lhaa.. karepku y nganggo basa suroboyoan (basane Pakde..) nanging ora menguasai je.. hehe…. setuju Dani, ceritane Pakde kerep marakke mesam-mesem dewe.. 🙂
January 22, 2014 at 10:59
walah, njawi banget, hehe… smoga sukses dalam GAnya pakde ya Bu ^^
hehe… nguri-uri basa Jawa,Ari… mundak lali soale wis ketekan umur..hehe…. makasih supportnya.. 🙂
January 22, 2014 at 11:33
horeeeyyy…aku ngerti mesti ga pake gugel translet auntiiiiiee hihihihi.
Gudlak GAnya ya, aku di kantor ga bisa buka blogdetik jeh, jadi kyknya terpaksa skip 🙁
selamaat Orin..mungkin seperti aku yg asyik mengira-ira bila Orin nulis dengan basa sunda ya.. hehe… eh, masih sampai nanti jam 10 malam kan? sudah pulang doong…hehe…
January 22, 2014 at 17:08
Ancen cerkak pakdhe iku apik tenan yo Mbak.. Terutama (opo iku bhs jowone) jeneng tokoh2e iku lo.. 😛
heeh mbak…iku salah sijine ciri khas cerkak-e Pakdhe yo… Two-knee barang metu je…hehe BTW aq mo ke rmh mba Muna nyasar di arab dot com… ra mudeeng blass…hehe…
January 22, 2014 at 21:18
Hahaha…, saya selalu ngakak dengan nama-nama tokohnya 🙂
naah… kalau gitu samaan kita, Pak.. 😀
January 23, 2014 at 21:47
Cerkak anggitane Pakdhe jan asli nengsemake ati ya Diajeng. Cekak aos agawe kangen. Mengkono uga yen sliramu nganggit cerkak jan nggumun tenan koq ya wasis peni, nyuwun diwuruki ya Diajeng. Lah rak kagok tha yen lali krama inggil. Salam
hihi… maturnuwun Ibu… sami2 remen cerkakipun Pakde nggih… mangga lho bu, sinau sareng2 kaliyan kula.. 🙂
January 24, 2014 at 12:41
sayang sekali bun aku gak bisa ikut ngobrak ngabrik
mudah2an di lain kesempatan.. bagaimana banjirnya? semoga sudah surut yaa…
January 26, 2014 at 19:22
kesimpulane tamu teko dewe! bhahaha
lhaa..apa bedane karo rampog? hihi…
January 26, 2014 at 22:00
Kulo mboten ngerti, Mbak Mechta hehehe..
hihi… maaf mbak…, nanti tak buatkan terjemahan bebasnya mbak… kmrn ngejar jumlah kata sih… 🙂
January 27, 2014 at 03:42
pengen ikut ngomen.. tapi jadi bingung mau ngomen apa..?!
hehehehe 😀
hihi… maaf, jadi bingung ya… 🙂