Dhek preinan 1 Suro ( 1 Muharam ) Selasa wingi kuwi, alhamdulillah ana kesempatan tilik kutho klairanku : Salatiga. Pancen ora suwe, mung sawatara jam wae, nanging lumayan bisa nambani kangen marang kutho adem iku.
Aku budhal saka Pekalongan watara jam sanga esuk, lan nembe tekan panggonan kang tak tuju watara jam loro awan. Pancen luwih suwe tinimbang wektu biasane, amarga esuk iku aku numpak travel lan travele kudu mubeng-mubeng dhisik nang Kutho Batang saperlu methuk salah sijine penumpang kang alamat omahe lumayan angel golek-golekane. Kejobo iku, amarga sopire travel ngerti yen ing kutho Kendal macet amarga dalan kang nembe didandani, dadi ora dilewatke Kendal kutho nanging diubengke lewat njaban kutho (nek ora salah lewat Patebon ).
Sanajan mung duwe wektu sedhelok thok nang Salatiga, aku tetep golek kesempatan muter-muter kutho kenangan iku, nglewati dalan Osamaliki ( trenyuh nyawang pasar nJetis sing wis ora karuwan..), ing dalan Kartini rada pangling amarga gedung SMP I wis malih banget lan sing mbiyen gedung SPG -panggonan aku lan mbak-mbakku biasa golek kembang-kembang nggo piranti dandan sakdurunge njoged- saiki wis dadi gedung SMA III .
Sakdurunge menggok nang dalan cilik nggoleki SD Margosari 7, aku isih sempat lingak-linguk wit2an gede ing pinggir dalan iku, sapa ngerti bisa nyawang anggrek merpati kaya sing diserat Bu Prih wingi kae, hehe… Sak elingku, dalan cilik sak ngarepe SD ku mbiyen kanggo parkiran dokar-dokar… jebule saiki wis ora ana dokar-dokare lan SD Margosari 7 wis maleh jeneng dadi SD Negeri … ( maaf.. aku lali, wis dadi SD pira, hehe…). Sing jelas, wis ora ana maneh gapuro sing ana lungguhane, sing maraake aku tibo lan tanganku kudu digips pirang-pirang wulan dhek klas 2 mbiyen kae 😉
Aku uga sempat mampir nang Pasar Blauran, golek krupuk dhele karemanku kawit cilik. Eman, sore iku rada angel golekane, mung ana sak nggon ding dodol, iku wae kari entuk sak plastik cilik krupuk mentah iku. Yo wis, akhire digenepi oleh-oleh khas Salatiga liyane : enting-enting gepuk, gula kacang, uga kripik paru… alhamdulillah 🙂
Nalika muter-muter Salatiga sore iku, aku sempat rasan yen Salatiga kok saiki panas yo… ora adhem kaya biasane, ndilalah, nalika mampir nang Warung Joglo -maem awan sing kesoren- lha kok ndadak udan rada deres! Naah, sakbare udan iku, Salatiga dadi ketok asline : adem..hehe…
Wektu krasane mlayu cepet banget sore iku ( ya’e amarga kegawa ati seneng, hehe…) akhire watara jam 8 bengi, aku ninggalke kutho klairan iku, diampiri mbakku sing nuju saka Boyolali arep kondur nang Semarang. Pancen mung saknyukan olehku tilik kutho klairan, tapi tetep nyenengake. Muga-muga liya wektu bisa dolan maneh luwih suwe, syukur-syukur bisa sowan daleme Bu Prih . Aamiin 🙂
16 Comments
Leave a reply →