Dhek preinan 1 Suro ( 1 Muharam ) Selasa wingi kuwi, alhamdulillah ana kesempatan tilik kutho klairanku : Salatiga. Pancen ora suwe, mung sawatara jam wae, nanging lumayan bisa nambani kangen marang kutho adem iku.
Aku budhal saka Pekalongan watara jam sanga esuk, lan nembe tekan panggonan kang tak tuju watara jam loro awan. Pancen luwih suwe tinimbang wektu biasane, amarga esuk iku aku numpak travel lan travele kudu mubeng-mubeng dhisik nang Kutho Batang saperlu methuk salah sijine penumpang kang alamat omahe lumayan angel golek-golekane. Kejobo iku, amarga sopire travel ngerti yen ing kutho Kendal macet amarga dalan kang nembe didandani, dadi ora dilewatke Kendal kutho nanging diubengke lewat njaban kutho (nek ora salah lewat Patebon ).
Sanajan mung duwe wektu sedhelok thok nang Salatiga, aku tetep golek kesempatan muter-muter kutho kenangan iku, nglewati dalan Osamaliki ( trenyuh nyawang pasar nJetis sing wis ora karuwan..), ing dalan Kartini rada pangling amarga gedung SMP I wis malih banget lan sing mbiyen gedung SPG -panggonan aku lan mbak-mbakku biasa golek kembang-kembang nggo piranti dandan sakdurunge njoged- saiki wis dadi gedung SMA III .
Sakdurunge menggok nang dalan cilik nggoleki SD Margosari 7, aku isih sempat lingak-linguk wit2an gede ing pinggir dalan iku, sapa ngerti bisa nyawang anggrek merpati kaya sing diserat Bu Prih wingi kae, hehe… Sak elingku, dalan cilik sak ngarepe SD ku mbiyen kanggo parkiran dokar-dokar… jebule saiki wis ora ana dokar-dokare lan SD Margosari 7 wis maleh jeneng dadi SD Negeri … ( maaf.. aku lali, wis dadi SD pira, hehe…). Sing jelas, wis ora ana maneh gapuro sing ana lungguhane, sing maraake aku tibo lan tanganku kudu digips pirang-pirang wulan dhek klas 2 mbiyen kae 😉
Aku uga sempat mampir nang Pasar Blauran, golek krupuk dhele karemanku kawit cilik. Eman, sore iku rada angel golekane, mung ana sak nggon ding dodol, iku wae kari entuk sak plastik cilik krupuk mentah iku. Yo wis, akhire digenepi oleh-oleh khas Salatiga liyane : enting-enting gepuk, gula kacang, uga kripik paru… alhamdulillah 🙂
Nalika muter-muter Salatiga sore iku, aku sempat rasan yen Salatiga kok saiki panas yo… ora adhem kaya biasane, ndilalah, nalika mampir nang Warung Joglo -maem awan sing kesoren- lha kok ndadak udan rada deres! Naah, sakbare udan iku, Salatiga dadi ketok asline : adem..hehe…
Wektu krasane mlayu cepet banget sore iku ( ya’e amarga kegawa ati seneng, hehe…) akhire watara jam 8 bengi, aku ninggalke kutho klairan iku, diampiri mbakku sing nuju saka Boyolali arep kondur nang Semarang. Pancen mung saknyukan olehku tilik kutho klairan, tapi tetep nyenengake. Muga-muga liya wektu bisa dolan maneh luwih suwe, syukur-syukur bisa sowan daleme Bu Prih . Aamiin 🙂
November 7, 2013 at 10:56
buuuun aku gak ngerti hehehe harus tanya suami dulu nih artinya
mangga, Jeng.. tanya dulu deh.. biar lebih paham bahasa jawa..hehe…
November 7, 2013 at 16:18
Waseem ndoyong, ki! Moso’ tilik kutha kok yo ora ngejak2 to, Bu? Po anggité sing kangen ki sampean tok? Huhuhu, pancen wis akeh perubahan, tapi yo kawit mbiyen tetep ngangeni. Tak kiro saknyuk’an ki yo perjalananè mrono, jebul kok malah ning kononé.
Nanging lak yo marem to, Bu! Ijeh iso mubang-mubeng seko osamaliki tekan blauran. Lha trus oleh2é nggo aku endi? Ckckck
wee… wit aseme isih dho jejeg kabeh kok Nang, gak ono sing ndoyong… hehe… lha yo kuwi, jane ora cucug yo.. perjalanane sak uwen2, nang konone mung saknyukan… tapi yo disyukuri wae lah… lhah kuwi oleh2e wis tak pajang…. arep disawang mangga, nek isa diklamuti yo mangga… hehe…
November 12, 2013 at 05:55
Huhuhu, mesakkè men kon nyawang karo kon ngelamuti hape! Hiks
maaap… lha wong arep tak blutut gak iso jee… hehe…
November 7, 2013 at 17:37
Sebele numpak travel ya ngono ya, MBa. Njemput ngana-ngene. NGanter nanga-ngene. 🙂
Dokare pindah mBanjar ndean. Hahahaha
betool… sayange butuh langsung tekan tujuan n gak duwe kendaraan dewe..dadi yo ditahan-tahan anyele karo travel iku.. hehe… Eh, mBanjar isih akeh dokar to? asyik yo, lenggat-lenggut numpak dokar 🙂
November 7, 2013 at 18:17
dadi kangen kampung halaman sebelahe Salatiga
sebelah pundi niku pak.. ungaran nopo boyolali? hehe… kapan terakhir tilik kampung, pak ?
November 7, 2013 at 23:13
aku boyolali, wis setengah tahunan aku ora tilik wong tua
juragan susu, mas? hehe… muga2 ndang bisa tilik kelg & kampung tercinta… 🙂
November 7, 2013 at 21:31
Diajeeeeng, rawuh Salatiga tanpa warta, lewat pojokan rumah kami lagi…rasanya ada penyambutan khusus parade drumband tingkat SMP di hari tsb. Salam
Ngapunten ibu… mugi2 sanes wekdal saged sowan saestu… eh, dalemipun ibu wonten Jl Kartini?
November 8, 2013 at 21:08
Jeng, saya kirim email mangga di chekidot…..
Salam hangat
oh inggih bu… ngapunten radi dangu mboten mbika email… sekedap bu…
November 8, 2013 at 20:51
Mangga-mangga ditunggu di Salatiga. Kota kecil mengesankan. Salam
maturnuwun, ibu…
November 13, 2013 at 11:13
Mbak mechta…
gak ngerti mbak aq artinya…. 😀
tapi aku juga suka makan kerupuk yang sebelah kanan… disebut krupuk tempe mbak kalo di Batam.. hehhehe
Maaf Lia.. bahasa urdu tuuh.. hehe… Iya betul, ada yg menyebut krupuk tempe / dhele (kedelai)… 🙂
November 14, 2013 at 10:16
Ohhh dhele itu kedelai ya… 😀
hehehehe…. barusan semalam dirumah masak kerupuk dhele ini mbak,…
asyik… dimakan sore-sore sambil minum teh juga asyik lho.. hehe… De’ Niyya suka juga kerpuk tempe ini ?
November 13, 2013 at 22:38
Saya paling paham sama enting2 gepuk! Hehe, karena saya sukaaaa pake banget! 😀
nyam-nyam… enting2 gepuk yg legit itu memang ngangeni 🙂
November 14, 2013 at 09:04
masio sak nyk an, ning tetep nyenengke yo mbak
masio sak iki howone sodok kroso panas, tapi seng jenenge kutho klairan
yo tetep maknyes kroso ning ati, lak mekaten nggih mbak…
leres, mas ustadz…. teng ati rasane memang benten… khusuuuus..gitu loh… hehe…
November 19, 2013 at 19:09
Mbak Mechta, aku suka kerupuk Dhele nya, enak ^^. Sering dapat oleh-oleh dari Solo hehe
betoool… krupuk dhele memang ngangeni… apalagi yg posisi dhele nya lumayan rapet dan bukan hanya hiasan 1-2 hehe…
December 8, 2013 at 08:49
Mechta,
Ayo teruskan menulis bahasa Jawa….biar nggak lupa.
Saya sendiri kagok untuk mulai menulis pakai bahasa Jawa…..takut salah…hehehe
dalem nggih taksih salah2, bu Enny.. bandha nekad…hihi… maturnuwun dorongan semangatipun, Bu… 🙂
June 3, 2014 at 13:45
jeng Mechta, nek tindak salatiga meneh kabar2.. trus tilik kebun-e mbak Prih ya…
inggih, Insya Allah… maturnuwun sampun tuwi ‘gubug maya’ kula niki.. hehe…