Kanca Lalang Ungu, tau ora ngrasa nelangsa amarga rumangsa ora padha karo kakang-adhi / sedulur sak kulawarga?
Nalika cilik, aku tau kaya ngono. Ngrasa sediiih banget amarga rumangsa beda dhewe sak omah. Bapak ibu peputra 5, aku nomer 4 alias kakang ragil. Saka 5 putra-putrine bapak ibu, mung aku dhewe sing rambute kriting. Mbak-mbak, mas lan adhiku kabeh rambute lurus, ora ana sing pating kruwel kaya rambutku.
Si Ndhuk Kriwil, kuwi paraban sing tau diparingke swargi simbah putri Solo marang aku. Paraban sing aku ora pati seneng, tapi wektu iku aku ora wani mbantah. Paling yo rada mbesengut yen pas ditimbali nganggo paraban iku, hehe.
Mangerteni yen aku asring nelangsa amarga ngrasa beda saka sedulur-sedulurku liyane, pungkasane ibu wektu iku banjur ngleremake atiku kanthi ngelingake yen ora mung aku sing kriting sak omah, tapi uga bapak. Pancen bapak rikmane uga kriting, dadi aku nuruni bapak. Kudune malah kowe bungah, siji-sijine putrane bapak sing nuruni kriting. Rambut kriting ki apik lho..ora kabeh wong nduweni. Ngono ngendikane ibu wektu kuwi sing pungkasane bisa ngleremake atiku.
Konco Lalang Ungu, aku ndadak kelingan kedadeyan jaman aku cilik iku, merga nemoni kedadeyan memper kaya kuwi : sak kulawarga nanging beda rupa. Oya, kedadeyan sing tak temoni pungkasan iki dudu ing kulawarga menungsa lho…nanging ing kulawarga tanduran sing tak rumat.
Critane aku duwe tanduran syngonium pink sing awal tak tuku mbiyen godhong-godhonge wernane pink/abang nom. Sawatara sasi, werna godhonge sing anyar malih ijo, ora metu werna pink maneh. Wis tak tlateni ngupakara tetep durung kasil ngetoake godhong pink maneh, njuk aku pasrah. Wis tak neng ke wae tanduran iku.
Lha kok ing sawijining dina, ndilalah esuk-esuk aku nemoni nang pot syngonium sing godhonge wis dho malih ijo iku..njedhul godhong anyar werna pink kaya pas tuku anyar mbiyen! Senengeee….

Liya dina aku nemoni kedadeyan kaya mengkono maneh, kedaden ing tanduran anggrek. Aku duwe kembang anggrek 3 pot sing jenise padha (dendrobium Caesar Warawan) lha kok bareng metu kembange beda-beda kaya nang foto ngisor iki:

Mungkin sing kembang angka 2 iku luwih nemen olehe nuruni gen werna ungu saka buyute, ora kaya kembang angka 1 lan 3 sing werno ungune luwih pucet. Dene sing kembang angka 3 iku nuruni gen totol-totol saka buyute, sing ora metu ing kembang angka 1 lan angka 2. Kedadeyane kaya aku nuruni gen kriting saka bapak sing ora metu nang kakang-adhiku 😁
Kanca Lalang Ungu, iku mau ceritaku babagan sak kulawarga nanging beda rupa. Yen ono ing antarane konco nemoni kedadeyan kaya ngene, aja njuk nelangsa banjur curiga mbok-mbok dudu sak kulawarga tenan opodene anak angkat. Coba dipetani maneh silsilahe wong tuwa, menawa ana gen sing ora metu / nembe metu.. 😊
Nek aku, sering dibedak-bedakke ambek sepupu-sepupuku. Ndilalah, keluargaku rata-rata kulite soklat (terutama aku karo adiku anak nomor 3), anak pertama (aku) karo adik Ragil luwih putih. Sepupu-sepupuku rata-rata putih malah mirip chindo. Nek lunga bareng, wong-wong ora padha percaya nek seduluran
Yen ning keluargaku malah adik ragil sing oleh paraban dibedakke. Amarga rambut e lurus dewe. Yen rambutku lurus amargo di-smoothing, hihii..
Godong syngonium e apik tenan, werna pink e iso metu ayuuu, mbaak
Hihi..ndisik aku yo tau matur ibuk pengen diluruske rambute.. langsung didukani.. Wis akhire nerima wae..
Mbiyen aku yo dibeda mergo pakulitanku bedo dewe. Liyane soklat, kulitku kuning dewe, sampe diundang Ragil Kuning hehehee… Tur lahirku lak adoh soko kangmasku, mbak. Sok dibeda jare aku ki dudu putrane bapak ibu. Nganti nangis loh iku nek pas diunekke gitu.
Hihi..pancen paseduluran ki sok ngono ya dik. Cedak sering padu, olok-olokan..nanging nek adoh kangen golek-golekan..
Aku ugo tau duwe singonium pink tapi godong-godong sing metu anyaran kok dadi ijo yo mbak.
Terus tak telateni tetep tak rumat wae. Akhire godong sing pink metu ugo. Opo mergo keno srengenge njur godonge maleh rupo warna ijo ya?
Hehehe… mencoba koment pake bahasa Jawa juga.
Podo berarti Yo mba .. syngonium Iki werna godhonge ora tetep, cenderung maleh ijo..