Konco Lalang Ungu, piye kabare? Rak yo podho sehat kabeh to? Muga-muga ing dina Kemis tanggal kaping 11 wulan Januari iki kabeh konco tansah Saras lair batin. Aamiin..
Eh, wektu kok rumangsaku cepet nemen lumakune ya.. Kaya nembe wingi dho rame-rame perayaan ganti taun, lha kok moro-moro wis tanggal 11 Januari! 😁
Oya kanca, ing dina Kemis iki aku arep crita pengalamanku njajan nang Angkringan Baloeng Gajah, nalika preinan taun anyar wingenane kae. Critaku nganggo basa Jawa yo kanca, amarga pengen melu nguri-uri budhaya Jawa ing Kamis Jawi iki.
Kanca Lalang Ungu wis tau ngerti Angkringan Baloeng Gajah sing arep tak critaake iki?
Pengalamanku Njajan Nang Angkringan Baloeng Gajah

Panggonane Angkringan Baloeng Gajah
Angkringan Baloeng Gajah iku jeneng salah siji panggonan kulineran kang dununge ing Kab Semarang. Alamat lengkape yoiku ing Ngentaksari, Candirejo Kec Tuntang. Continue reading “Pengalamanku Njajan Nang Angkringan Baloeng Gajah”





